Langsung ke konten utama
ETAN LAN KULON

        Tani, bocah lanang sing umure 15 taun kelas 10 SMA. Bocah ganteng, sugih, njaluk apa-apa mesti keturutan, tumpakane sepeda motor kinjeng nanging bocahe nakal lan ora pinter. Tani senengane dolanan game ing hp. Tani dhuwe kanca apik lan sakelas jenenge Londo. Londo iku bocahe apik, pinter, senengane guru nanging uripe pas-pasan, bocahe yen budhal sekolah mesti mlaku.
         Awale bocah loro kuwi ora tau kancanan. Wektu iku dina senin wayahe upacara, Tani malah tangi awan. Tani budhal cepet-cepetan lan langsung numpak sepeda motore amarga wis awan. Teka ngarep sekolah wis jam 7.15, gerbange wis ditutup. Tani keri upacara.
     "Waduh...duh,wes keri. Ngeneki salahe motorku sing wes elek, ora iso mlayu banter ora kaya sepeda ninja." Gremenge Tani sinambi lungguh ing pinggir sepeda motore.
     "Lha.... sampeyan ya keri ta." Londo teka lan lungguh ing jejere Tani.
      Tani meneng wae ora semaur. Ing njero atine, Tani gremeng.
       "Bocah iki sapa ta, ora kenal kok sok kenal."
        "Jenengku Londo, aku mlebu kelas 10 IPA 3, sampeyan jenenge Tani to, sak kelas karo aku."
       "Oo..iya."
    Amarga bocah loro mau iku keri, banjur dihukum karo pak gurune ngresiki jedhing.
      "Ndo, ndang resiki ya jedhing e !"
      "Lha kowe kena apa?"
      "Aku pegel, aku arep nerusna dolananku ning hp. Engko nek aku wis bar dolanan, kowe tak rewangi."
      "Yowes nek ngunu, aku tak ngresiki sik."
Nanging Tani malah ninggal Londo.
 Dina saya dina, Londo dadi anak emas guru-guru amarga bocahe sregep lan pinter. Nanging saben dina, Londo terus "dibully" karo Tani lan kanca sak kelase.
         "Ambune apa iki kok kaya ambune kandang sapi." Gremeng e Tani.
          "Iya ambune ora enak, iki mesti ambune Londo." Kanca-kance padha nyauti omongane Tani.
          "Iyo iki mesti ambumu sing ora enak, klambimu ya kumel, apa pancen omahmu kuwi nek kandang sapi ta? Hahaha..." Omonge Tani marang Londo lan diguyu karo kanca-kancane sak kelas
          Nanging Londo meneng wae ora nyauti omongane Tani lan kanca-kancane. Amarga omongane Tani lan kancane, Londo diadohi karo kanca sakelase.
         Ing dina minggu, wayahe preinan sekolah. Tani metu numpak sepeda motore. Teka pinggir tretek, Tani ketemu Londo ing ngarep omahe.
         "Tan...ape ing ngendi?" Takok e Londo
     Tani ora njawabi Londo, banjur Tani langsung bablas ae.
          "Ooo.. kuwi ta omahe Londo, mangkane ambune ora enak, lha wong omahe kaya kandang sapi tenan." Gremeng Tani ing njero ati.
         Saben dina Minggu Tani mesti dolan numpak sepeda motor lan mesti ketemu Londo, lan kaya biasane sing nyapa mesti Londo lan ora dijawab balik karo Tani.
          Wayah UTS teka, kabeh bocah pada siap-siap sinau gawe ujiane. Nanging Tani malah dolanan hp lan enak-enakan ing omah.
          "Engko ae sik sinaune, dolanan hp ae ben ora stress sinau."
         Sedino Tani dolanan hp, mripate Tani masi layar hp nganti pegelen.

       

          "Halah... dolanan hp kok ya ngene-ngene wae, bosen. Apa aku metu ae ya ben ora bosen nek njero omah terus."
        Banjur Tani metu numpak sepeda motor. Teka prapatan, Tani banjur ngerti Londo. Tani mbuntuti Londo amarga pingin weruh apa sing dilakoni Londo. Tani ora nyangka, Londo ngrewangi dodolan jangan lodeh ing warunge wong. Tani terus mbuntuti Londo, sakwise kerja ing warung mau, Londo mlaku ora adoh saka warung mau lan mlebu ing panggon kandang sapi.
       Tani sing kawit mau mbuntuti Londo banjur  takok karo penjagane panggon kuwi.
        "Mas, bocah sing mau mlebu rene ape apa ya?"
         "Londo ta? Bocahe kerja nek kene."
         "Kerja apa? Takok e Tani
         "Yo ngadusi sapi, ngresiki kandang sapi lan lian-liane." Jawabe penjagane.
         "Oalah... yowes mas, matur suwun."

       Banjur Tani langsung bablas numpak sepeda motor. Tani gremeng ing njero ati.
"Aku ora nyangka.... bocah pinter kaya Londo tibake kahanane kaya mengkene. Mangkane Londo kadang budhal keri amarga kudu kerja."
     Bengine Tani dolan ning omahe Londo.
"Ndo..londo.."
"Kena apa Tan? Kok bengi-bengi dolan merene."
"Sepurane ya.."
"Kena apa, kowe salah apa?"
"Sepurane nek aku gawene "ngece" awakmu, njaili awakmu."
"Aku ora apa-apa."
"Mulai saiki aku ape dadi bocah sing apik, aku bakal sinau terus, wes leren olehku dolanan hp. Ooo.. iya aku ya warahi sinau ya nek aku ogak iso."
"Iyo Tan, kowe kan kancaku. Nek enek apa-apa mesti tak tulungi."
"Iyo ndo..matur suwun ya."

       Akhir e bocah loro iku dadi kanca apik. Tani lan Londo pancen bocah sing bedo sifate, bedo uripe, nanging iso dadi siji. Tani lan Londo kaya etan lan kulon sing ora tau sak arah, nanging bakal ketemu ing salah siji titik.


     Duspundi cerkak kulo? Aneh nopo aneh? Hehehe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

IDEAL DENGAN GIZI SEIMBANG (POLA HIDUP SEHAT)

-IDEAL DENGAN GIZI SEIMBANG- Hai kawan-kawan blogger…    Saya Intan Nur Hidayah   (http://intananurhidayah.blogspot.co.id/?m=1)  dan  Dyah Faras Setyowati  (https://setyowatid58.blogspot.co.id) akan  membahas tentang pola hidup sehat.    Seneng nggak sih kalau kita punya tubuh ideal dan sehat? Pastinya seneng dong. Namun banyak juga orang yang ingin mendapatkan tubuh ideal dengan melakukan diet ketat dan olahraga yang berlebihan, pada hal dengan cara tersebut dapat membahayakan tubuh.     Hidup sehat itu pasti tak lepas dari pola makan yang sehat pula. Dengan asupan gizi seimbang, kita pun bisa mempunyai tubuh yang ideal.     Kita dapat menjaga pola makan dengan cara mengkonsumsi makanan dengan menu gizi seimbang.Dengan mengonsumsi makanan dengan gizi seimbang, maka kebutuhan nutrisi akan terpenuhi. Sehingga tidak akan lagi mengonsumsi makanan lain yang kurang baik untuk kesehatan.       Naaahh… b...

Profil saya 😁

Assalamualaikum teman-teman 😙 ... Halooo namaku Intan Nur Hidayah panggil aja Intana (biar beda aja gitu) 😄 Lahir di Bojonegoro, 30 Agustus 2000 Seorang pelajar kelas 12 sekolah di SMAN MT Bojonegoro Rumah di Sumuragung Jaya Raya Merdeka Saya adalah orang yang 20% pendiam 70% aktif 10% lain-lain. Saya suka menari, suka bercanda, suka muter-muter dikelas, suka nggak bisa diem, suka makan tapi nggak kurus. Suka dia, dia ngga suka saya. *ups* 😆😆😆 Kadang suka nyanyi lagu yang nggak tau judulnya apa tapi liriknya kayak gini "I know you belong to somebody new But tonight you belong to me" hampir tiap hari nyanyi itu dan cuma itu aja yang dihafal tapi teman2 saya sangat amat suka jika saya menyanyi dan mereka akan menirukan saya (fajek & argu adalah fans saya). Suka dengerin lagu dari payung teduh, fourtwnty, erk dan sejenisnya.