Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Oktober, 2017
ETAN LAN KULON         Tani, bocah lanang sing umure 15 taun kelas 10 SMA. Bocah ganteng, sugih, njaluk apa-apa mesti keturutan, tumpakane sepeda motor kinjeng nanging bocahe nakal lan ora pinter. Tani senengane dolanan game ing hp. Tani dhuwe kanca apik lan sakelas jenenge Londo. Londo iku bocahe apik, pinter, senengane guru nanging uripe pas-pasan, bocahe yen budhal sekolah mesti mlaku.          Awale bocah loro kuwi ora tau kancanan. Wektu iku dina senin wayahe upacara, Tani malah tangi awan. Tani budhal cepet-cepetan lan langsung numpak sepeda motore amarga wis awan. Teka ngarep sekolah wis jam 7.15, gerbange wis ditutup. Tani keri upacara.      "Waduh...duh,wes keri. Ngeneki salahe motorku sing wes elek, ora iso mlayu banter ora kaya sepeda ninja." Gremenge Tani sinambi lungguh ing pinggir sepeda motore.      "Lha.... sampeyan ya keri ta." Londo teka lan lungguh ing jejere Tani.      ...